3 Okt 2009

KILING.......

"Emping- emping lare cilik manjer Kiling
Yo mudhuno di tampik udeng miring"
Pari wis wayahe nggampung
Anklung paglak yo ro gancang tabuhen
Paman tani koled nggarap sawahe, adeg-adeg, labuh tandur ugo nyalemeti pari
Keringete bain magih durung garng, dredesan nggowo udan angin tanah kelahirane
Nyawang kuning parine, kari seneng rasane ati
Nglaik-nglaik inne Kiling gawe Paman Tani Jenggirat tani

Kang....kang...age melayuo ring tengahe sawah
Pondongen kiling, panjeren mumpung angin gedhe wis podho teko
Kiling dudu mun cerito
Tapi dadi pengeleng-ngeleng ring lakune urip wong using
Kanggo cerito ring anak turune Minak Jinggo

Kiling hang nggawe Buyut Wongso Karyo
Dadi dalan nuju urip hang luwih rekoso
Panjeren kilinge lare....!
Gebrike teko kiling lanang, mutere teko kiling wadhon
Eh....eh...kari apik yo ro wis
Uninen ono hang ngungkung, ngibrak, nguking ugo nggaung
Tebloke hing miring nganan ngiwo, tapi jejeg koyo soko
Bungkusen njero selut, simpenen koyo eleke laki lan rabiniro
Ojo diumbar koyo jambrakan hang di gawe teko dhoni
Hing pantes didheleng mbok!!!!
Tarike suh, dadi siji kanggo muter ndadekakne kilinge muni
Koyo welas hang ndadekaken wong loro dadi siji

angin nggowo manggar muter ngiwo nengen
Disambung kunciran hang nyeleret ring ngisore mego
Wong using, tuli-tulio koyo inger-inger hang kepasang ring panjeran kiling
Disonggo tumbak sayang, dadekno siji ring bantalan
Kiling lanang lan kiling wadhn muter dipasang ring kinci
Koyo angkepan manggar, pengenten lungguh ngguya-ngguyu ring dhukur kuwade

Kunciran koyo rambute buyut cungking
Paran maning buntutane, koyo gamane Minak jinggo
Kiling dudu mung panjeran ring tengahe sawah
Dadi cerito teko mbah-mbah riko
Jarene Mbah Serad
Kiling digawe Buyut Cungking hang aran Ki Wongso Karyo
Wong wadhon mbentuk lakine ambi gorengan kluthuk jagung hang ngawiti
Eh....eh.....dadi kiling, kiling lanang ambi kiling wadhon
hang muter-muter hing ono juntrunge
Gebrik, hang dadi aran den-denan
Nggusah manuk hang mangan pari
Nggugah ati hang podo turu sing biso lali
Kiling kudu tetep muter
Ring langit biru ugo ring njero ati
Ojo koyo kiling megog
Mutere nglaiko ceritakno Blambangan sak bumi nusantoro
Ojo leren-leren
Wong Using Manjer Kiling

13 Juni 2003 (kanggo kiling isun hang kelalen ring banyuwangi)

4 komentar:

Unknown mengatakan...

Hmm..keren mbak..
Sastra Jawa, puisi berbasis bahasa Jawa
aku bisa bahasa Jawa tapi gak mahir banget..

irarachma mengatakan...

ini bahasa Using....salah satu diale dari Bahasa Jawa tapi dari daerah Banyuwangi...

-3- mengatakan...

wew...keren mbak .... aku koq gak iso ...

duniaira.blogspot mengatakan...

@ 3 : Kok keren to? wajarlah....kan aku orang banyuwangi jadi bisa bahasanya....coba disuruh pake bahasa bali pasti kacau..heheheheheh